Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:40 - Kitab Sutji

40 Sang Putra mau mindhak-mindhak agenge, lan dadi santosa, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:40
17 Iomraidhean Croise  

“Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane, cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”


Atiku ngluberake tembung kang ngresepake, aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu; ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.


Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.


Kabeh wong kang ngrungokake pangandikane padha kaeraman marang kapinterane lan wangsulane.


Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Sabanjure para rasul anggone nekseni bab wungune Gusti Yesus kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabeh padha kaluberan ing sih-rahmat.


Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.


Mulane, he anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yesus.


Sawuse mangkono wong wadon mau nglairake anak lanang, kang dijenengake: Simson. Bocahe mundhak-mundhak gedhene lan diberkahi dening Sang Yehuwah.


Anadene Samuel ngabdi ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Samuel iku isih bocah, kang asabuk efod lena.


Lan Sang Yehuwah nggalih marang Hana, satemah ngandhut lan nglairake anak lanang telu lan wadon loro maneh. Ing wektu samana wong anom Samuel saya mundhak gedhe ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Nanging wong anom Samuel sangsaya gedhe sangsaya wuwuh oleh sih iya ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan ana ngareping manungsa.


Samuel wis saya gedhe lan Sang Yehuwah nunggil karo dheweke, ora ana pangandikane siji bae kang ora kelakon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan