Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?
Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.
Ing nalika iku trubusan kang dithukulake dening Sang Yehuwah bakal dadi kaendahan lan kamulyan, lan pametuning bumi dadi kaagungan lan kamulyan tumrap para wong Israel kang padha bisa oncat.
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”
Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua! marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea! Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket, tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.
Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa, lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa! Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa.
Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.
Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.
bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”
Malaekat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowe padha dakwartani kabungahan gedhe, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:
inggih punika, bilih Sang Mesih kedah nandhang sangsara saha bilih Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhe wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha bilih Panjenenganipun badhe martosaken bab pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanes.”
Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [
Sarta maneh kutha iku ora mbutuhake padhanging srengenge lan rembulan, amarga cahya kamulyane Gusti Allah kang madhangi lan Sang Cempe kang dadi damare.