Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:24 - Kitab Sutji

24 lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhake ana ing angger-anggering Pangeran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:24
5 Iomraidhean Croise  

Manawa kurban kang disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran iku arupa manuk, kurbane iku kudu manuk deruk utawa piyik dara.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Samangsa ana wong wadon nglairake anak, metu lanang, iku dadi najis lawase pitung dina, iya padha lawase kaya anggone dadi najis samangsa nggarap-sari.


Nanging saupama wong mau ora bisa ngaturake manuk deruk loro utawa piyik dara loro, kang disaosake minangka kurban marga saka anggone dosa iku arupa glepung kang becik dhewe saprasepuluh efa kanggo kurban pangruwating dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit iku kurban pangruwating dosa.


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan