“Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”
Sadhengah kang lair dhisik saka wetenganing angger daging, kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, dadia arupa manungsa utawa kewan, iku dadia pandumanira. Nanging pambarepe manungsa iku sira tebusa; mangkono uga pambarepe kewan kang karam iya katebusa.
awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”