Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:21 - Kitab Sutji

21 Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:21
9 Iomraidhean Croise  

Anak kang umur wolung dina iku katetakana, yaiku saben anak lanang ing antaranira nganti turun-tumurun, dalah kang dudu turunira kang lair ana ing omahira utawa kang dituku sarana dhuwit saka sadhengah bangsa.


Lan ing wolung dinane bayi iku katetakana ikute.


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


nanging ora diwori turu, nganti tumekane wis mbabar putra, kang banjur dinamakake Yesus.


Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.


Lah kowe bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yesus.


Ing wolung dinane wong-wong mau padha teka njenengi, anggone bayine bakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakharia manut jenenge bapakne.


Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan