Tekan samene pawartane iku. Dene aku, Dhaniel, kaget banget dening gagasan-gagasanku, nganti aku dadi pucet sarta bab iku daksimpen ing sajroning atiku.”
Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.
Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.