Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:15 - Kitab Sutji

15 Kacarita sapengkere para malaekat menyang ing swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkene: “Ayo, padha menyang ing Betlehem, ndeleng apa sing wis kalakon ing kana, kaya sing wis dipangandikakake dening Pangeran marang kita.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:15
12 Iomraidhean Croise  

Kacarita nalika Nabi Elia bakal kasengkakake menyang ing swarga dening Pangeran Yehuwah ing satengahe lesus, Nabi Elia mau pinuju tindak saka ing Gilgal kadherekake dening Elisa.


Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus.


Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.


Sang Musa banjur ngunandika: “Coba dakparanane daksatitekne sesawangan kang elok iku, apa sababe dene grumbul eri iku ora nganti kobong?”


Besuk ing wektu pangadilan, Sang Raja Putri saka ing tanah kidul bakal kawungokake bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki, awit rawuhe saka pungkasaning bumi, banjur mirengake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, lah mangka ing kene ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman.”


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Banjur enggal-enggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene Sang Jabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.


lan nalika mberkahi mau, Panjenengane banjur nilar para sakabate tuwin mitrane menyang ing swarga.


kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan