Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:13 - Kitab Sutji

13 Dumadakan banjur ana balatantra swarga kang akeh banget cacahe, kang mbarengi malaekat mau sarta padha memuji marang Gusti Allah, sabdane:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:13
18 Iomraidhean Croise  

Banjur ngimpi: Lah ana andha ngadeg ing bumi kang pucuke sundhul ing langit, lan katon para malaekate Gusti Allah munggah-mudhun ing andha mau.


Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.


ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengan tuwin para putraning Allah padha asurak-surak?


He sakehe malaekate, padha saosa puji marang Panjenengane! He wadya-balane, padha saosa puji marang Panjenengane!


He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane? Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.


Aku banjur kaangkat dening Sang Roh, sarta aku krungu swara gumuruh sora ana ing buriku, ing nalikane kamulyaning Allah mumbul saka ing panggenane,


ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan.


Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”


Dene kang minangka tengeran marang kowe, mangkene: Kowe bakal mrangguli bayi kagedhong sumeleh ing pamakanan.”


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


supaya saiki kabeh sawernaning kawicaksanane Gusti Allah disumurupake marang para pamarentah lan para panguwasa ing swarga dening pasamuwan,


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?


Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.


Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan