Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:11 - Kitab Sutji

11 Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:11
38 Iomraidhean Croise  

Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Yakub peputra Yusuf bojone Maryam, kang mbabar Gusti Yesus, kang jejuluk Sang Kristus.


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang!”


Gusti Yesus banjur ngawisi para sakabate, ora diparengake martak-martakake marang wong siji-sijia, yen Panjenengane iku Sang Kristus.


Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?


Panjenengane nukulake sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,


Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen bakal ora mati sadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan dening Pangeran.


Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nasaret tanah Galilea menyang ing tanah Yudea, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang aran Betlehem – amarga asale saka ing brayat lan tedhake Sang Prabu Dawud –


Dhisike Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).”


Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”


Unjuke Marta: “Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.”


nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.


Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”


lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”


Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah.”


Liyane calathu: “Iku Sang Kristus.” Lan ana maneh kang ngucap: “Dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka ing Galilea!


Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.


Inggih saking trahipun punika Gusti Allah, tetes kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken, miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyang Israel, inggih punika Gusti Yesus.


kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”


Awit saking punika rakyat Israel sadaya kedah mangretos kalayan saestu, bilih Gusti Allah sampun njumenengaken Gusti Yesus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus.”


Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


Manungsa kang kawitan iku asale saka lemah sarta asipat kadonyan, dene manungsa kang kapindho asale saka ing swarga.


lan sakehing ilat padha ngakonana manawa “Gusti Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.


Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus


Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepa ana ing Panjenengane,


Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.


Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan