Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:1 - Kitab Sutji

1 Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:1
13 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Prabu Ahasyweros netepake pranatan bulubekti saka ing tanah lan dhaerah nganti tutug ing pasisir uga.


Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”


Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”


Aku pitutur marang kowe: Satemene anaa ing ngendi bae Injil kawartakake ing saindenging jagad iki, apa kang ditindakake iku iya bakal kacaritakake minangka pangeling-eling marang dheweke.”


Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.


Wong-wong banjur padha mangkat kabeh arep ndhaftarake, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.


supaya didhaftarake bebarengan karo Maryam, pacangane, kang lagi ngandheg.


Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,


Ana siji kang asma Agabus kang jumeneng sarta marga saka kuwaosing Roh ngandika, yen ing saindenging jagad bakal katekan pailan gedhe, kang iya kalakon uga nalika jamane Sang Nata Agung Klaudius.


Dados, manawi kula saestu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula eklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabukten boten leres, boten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika kadosdene ganjaran. Kula nyuwun minggah dhateng pangadilanipun Sang Nata Agung!”


Nanging Paulus nginggahaken prakawisipun. Piyambakipun nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus dening Sang Nata Agung. Milanipun lajeng kula dhawuhaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung.”


Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing sajagad.


Salam marang kowe saka sakehing para suci, luwih maneh saka kang klebu para abdine Sang Prabu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan