LUKAS 19:9 - Kitab Sutji9 Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham. Faic an caibideil |
Mulane kabeneran iku adhedhasar pracaya supaya mujudna sih-rahmat, satemah prasetya iku tumuju marang sakehe tedhak-turune Rama Abraham, ora ngamungake kang kawengku ing angger-anggering Toret bae, nanging uga kang padha kadunungan pracayane Rama Abraham. Sabab Rama Abraham iku leluhur kita kabeh, –