Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 19:7 - Kitab Sutji

7 Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 19:7
11 Iomraidhean Croise  

Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.


Calathune marang wong-wong mau: Kowe iya padha menyanga ing pakebonanku anggur, mengko bakal dakwenehi pituwas sapantese. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.


Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”


Zakheus enggal-enggal mudhun lan nampani Gusti Yesus kalawan bungah.


Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”


Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan