Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.
Ingsun tumuli tindak langkung lan ningali sira kroncalan kalawan kuthah getih, sarta sajrone sira kuthah getih iku Ingsun ngandika marang sira: Sira kudu urip
Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.
Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.
Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.
Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.