Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.
Saben dina Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Toret apadene para panggedhening bangsa Israel padha ngudi nyirnakake Panjenengane,
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane
Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.