Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 19:47 - Kitab Sutji

47 Saben dina Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Toret apadene para panggedhening bangsa Israel padha ngudi nyirnakake Panjenengane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 19:47
17 Iomraidhean Croise  

Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.


Para pangareping imam lan para ahli Toret padha krungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisane nyedani Panjenengane, amarga padha wedi marang Panjenengane, awit wong akeh padha kaeraman kabeh ngrungokake piwulange.


Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.


Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan


Mangka saben dina Aku ana ing satengahmu, memulang ana ing Padaleman suci; Aku ora kokcekel. Nanging surasaning Kitab Suci pancen kudu kayektenan.”


nanging padha ora ngreti patrape kapriye, amarga kabeh wong padha tansah ngraketi Panjenengane sarta padha kapengin ngrungokake piwulange.


Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.


Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.


Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.


Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”


Sarta ana panunggalane sawatara kang padha arep nyekel Panjenengane, ewadene ora ana kang nganti wani nggepok sarirane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan