iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.
Padaleman kang sinebut nganggo asmaningSun iki apa sira anggep pandhodhotaning begal? Lah Ingsun piyambak wus nguningani iku kabeh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –
“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.
Wong-wong banjur padha diparingi piwulang, pangandikane: “Apa ora ana tulisan kang muni: PadalemaningSun kasebut dalem pamujan kanggo sakehing bangsa? Nanging wis kokdadekake kedhung begal!”