LUKAS 19:44 - Kitab Sutji44 Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.” Faic an caibideil |
Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.