Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Wong iku bakal ora lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panahe mrene; uga ora bakal nekani kalawan tameng lan uga ora bakal ngundhug-undhug lemah kanggo tanggul pangepungan.
Anak-anakira wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang; Nebukadnezar bakal gawe tembok pangepungan lan nganakake piranti panjebol sarta masang tameng nglawan sira.
Kutha iku enthanen lagi kakepung: dokokana beteng pangepungan, gawea undhug-undhugan lemah kang dadi tangguling pangepungan, dokokana tarub panginepaning wadya-bala sarta ing sakubenging kutha iku pasangana totog.
pangandikane: “Adhuh, iba becike manawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu! Nanging ing saikine bab iku sinamar tumrap mripatmu.