Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 19:41 - Kitab Sutji

41 Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 19:41
14 Iomraidhean Croise  

Nabi Elisa nuli mandeng mangarep nganti suwe, wasana abdining Allah iku banjur muwun.


Luh kawula crocosan kados ilining toya, awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.


Anggen kawula ningali tiyang ingkang lampah cidra ngantos bosen, dene kok sami boten ngestokaken janji Paduka.


Kawula nepsu dhateng para tiyang duraka ingkang sami nilar angger-angger Paduka.


Mulane aku celathu: “Aku aja koktolih, etogna bae anggonku nangis kepati; aja meksa aku supaya kau kelipur ing bab patine putrining bangsaku.”


Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku!


Manawa kowe padha lumuh ngrungokake, aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu, luhku bakal kembeng-kembeng, malah nganti crocosan, jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwah digiring dadi boyongan.


Ewasamanten kawula boten nate ngajap dhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai, kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan; inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula, sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.


Saupama sirahku kebak banyu, lan mripatku dadi sumbering luh, mesthi rina-wengi anggonku nangisi patine para bocahe wadon bangsaku.


He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.


pangandikane: “Adhuh, iba becike manawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu! Nanging ing saikine bab iku sinamar tumrap mripatmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan