Sang Prabu ndadekake kehing emas lan selaka ing Yerusalem nganti padha karo watu, lan kehing wit kayu eres padha karo wit sikma kang ana ing Tanah Pagunungan.
Nabi Amos tumuli mangsuli marang Imam Amazia: “Aku iki dudu panunggalane para nabi, lan iya ora klebu golongane nabi, panggaotanku kang baku ngingu wedhus lan ngundhuhi woh sikmah.
Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”
Sarehne ora bisa nggawa mlebu, marga saka akehing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunake sapaturone menyang ing satengahe wong akeh pas ana ing ngarsane Gusti Yesus.