35 Kuldine tumuli dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, banjur dilarabi jubahe, Gusti Yesus nuli dilawani anggone nitih belo iku.
Wong akeh mau tumuli padha njupuk sandhangane, dijereng mangkono bae ana ing undhak-undhakan, ing ngarsaning sampeyane Sang Yehu, sarta banjur padha ngunekake kalasangka lan alok-alok: “Sang Yehu jumeneng ratu!”
Bab iku kalakone supaya kayektenan kang dipangandikakake dening nabi:
Kuldine karo belone digawa, banjur dilarabi sandhangane. Gusti tumuli nitih.
Wangsulane utusan: “Gusti ingkang mbetahaken.”
Sasuwene tindak, para sakabate padha njereng jubahe ana ing dalan kang dilangkungi.
Esuke bareng wong akeh kang padha teka mahargya riyaya krungu warta, manawa Gusti Yesus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yerusalem,
Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene: