Uga ana wong wadon sawatara kang padha nyawang saka ing kadohan, panunggalane kayata Maryam Magdalena, Maryam ibune Yakobus Anom lan Yoses, sarta Salome.
Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa Gusti Yesus, banget renane, amarga wis suwe anggone kapengin mirsa, awit wis kerep mireng bab Panjenengane, apadene ngajeng-ajeng nguningani anggone nganakake pratandha.
Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.”