Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah ing sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.
kalawan kaparingan piweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ing ngarep kae. Salebumu ing kono, kowe bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.
Bareng cedhak karo kutha Yerusalem, ana ing dalan kang mudhun saka ing gunung Zaitun, kabeh para siswa kang ndherekake tindake padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Gusti Allah kanthi swara sora marga saka anane mukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.
Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi,