27 Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”
Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune.
Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.
sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe. Nanging numpes nganti tapis wong kang padha nglawan Panjenengane, tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.
Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.
Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”
Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”