Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 19:26 - Kitab Sutji

26 Paring wangsulane: Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kaparingan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 19:26
17 Iomraidhean Croise  

Nanging sihkadarmaningSun ora bakal sumingkir saka ing dheweke, kaya kang Sunsingkirake saka Saul, kang wus Sunedohake saka ing ngarepira.


umuripun kacelakna, kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes;


Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.


Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.


Amarga sapa kang duwe, bakal diparingi, dene sing ora duwe, kabeh kang kaduwe bakal kapunduhut.”


Juru-gedhong mau nuli mikir: Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocot anggonku dadi juru-gedhong. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.


Unjuke wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.


Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”


Sabab ing kitab Masmur ana kang tinulis mangkene: Pemahanipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni. Sarta: Kalenggahanipun kapendheta dening tiyang sanes.


Padha diwaspada, supaya kowe aja nganti kelangan apa kang wus padha dakgarap, nanging supaya genepa anggonmu padha nampani ganjaran.


Apa maneh sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka AsmaningSun; lan sira ora tau ngrasa sayah.


Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.


Nabi Samuel banjur matur marang Sang Prabu Saul: “Sang Yehuwah sampun nyuwek kapraboning Israel saking panjenengan dalem ing dinten punika lan sampun kaparingaken dhateng tiyang sanes ingkang langkung utami katimbang panjenengan dalem.


Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan