Dhuh Pangeran Yehuwah, prakawis punika taksih kirang wonten ing tingal Paduka, milanipun Paduka sampun ngandika ugi bab kulawarganipun ingkang abdi ing wekdal ingkang taksih dangu saha paring sumerep dhateng kawula manungsa-manungsa ingkang badhe dhateng, dhuh Pangeran Yehuwah.
Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.
Paring wangsulane: Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kaparingan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.