Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 19:22 - Kitab Sutji

22 Pangandikane marang wong mau: Heh, abdi kang ala, sira bakal sunadili manut ujarira dhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsun iki wong kang kereng, kang mundhut kang ora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudu sebaraningsun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 19:22
8 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Dawud ngandika marang wong iku: “Getihmu nempuhna marang awakmu dhewe, amarga cangkemmu dhewe nekseni nglawan awakmu dhewe, amarga kandha: Kawula ingkang nyedani ingkang jinebadan ing Sang Yehuwah.”


Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu.”


Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.


Awit kula ajrih dhumateng panjenengan dalem. Amargi panjenengan dalem punika kereng, karsa mundhut ingkang sanes panjenengan dalem lampahaken, punapa dene ngundhuh ingkang sanes sebaran dalem.


Yen mangkono, yagene dhuwitingsun ora sira pasrahake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya sarawuhingsun kenaa sunpundhut dalah saanakane.


Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan