Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh.”
Wekasan sing disebar ing lemah kang becik, yaiku wong kang ngrungokake sarta nampani pangandika, banjur metu wohe, ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, lan ana kang tikel satus.”
Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.
Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.