Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan.
Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.
Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.
Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.
Saka Simon Petrus, abdi sarta rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh, marga dening kaadilaning Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.