Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.
Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
“Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?
Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.
Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.