Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 19:1 - Kitab Sutji

1 Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Yerikho lan tindak nratas ing kutha kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 19:1
7 Iomraidhean Croise  

Ing nalika jaman samana Hiel, wong Betel, mbangun Yerikho maneh. Anadene anggone masang tetalese iku kanthi ngurbanake nyawane Abiram, anake kang pembarep, lan anggone masang lawanging gapurane kanthi ngurbanake nyawane Segub, anake kang ragil, cocog karo pangandikaning Sang Yehuwah, kang kapangandikakake lumantar Hakim Yuzak bin Nun.


Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.


Bareng tindake Gusti Yesus wis meh tekan ing kutha Yerikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis.


Ing kono ana wong aran Zakheus, juru-mupu-beya kang sugih.


Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan