Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 18:5 - Kitab Sutji

5 mung bae sarehne randha iki tansah ngrubedi aku, prayogane dakolehne adil bae, supaya aja pijer teka lan wekasane aku diamuk.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 18:5
9 Iomraidhean Croise  

Nganti rambah kaping pat anggone kongkonan marani aku kanthi patrap mangkono iku lan anggonku mangsuli patrape uga kaya mangkono.


Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”


Aku pitutur marang kowe: Sanadyan oraa tangi lan menehi, marga iku mitrane, nanging marga saka anggone ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi uga, menehi apa kang dibutuhake.


Ing kutha kono ana randha kang pijer marani hakim mau lan matur: Kula mugi panjenengan rencangi anggen kula prakawisan kaliyan lawan kula.


Wong-wong kang padha lumaku ing ngarep padha nyendhu wong mau, dikon meneng. Nanging panguwuhe malah saya seru: “Dhuh, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”


Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja nganti aku dhewe ditampik.


Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan