39 Wong-wong kang padha lumaku ing ngarep padha nyendhu wong mau, dikon meneng. Nanging panguwuhe malah saya seru: “Dhuh, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”
Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.
Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”
Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”
Tumuli ana wong kang padha teka nyowanake anak-anake kang isih cilik marang ing ngarsane, supaya padha diasta. Sumurup kang mangkono iku para sakabate padha nepsu marang wong-wong mau.
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana krabate kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”