LUKAS 18:37 - Kitab Sutji37 Ana wong kang mangsuli: “Gusti Yesus Nasarani langkung.” Faic an caibideil |
Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.
pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah – inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.