padha lemu ginuk-ginuk. Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala, ora mreduli marang angger-angger, ora menangake prakarane bocah lola, lan ora mbelani wewenange wong mlarat.
Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.
Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,