Petrus tumuli mangsuli, unjuke: “Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndherek Paduka; ingkang punika kawula sami badhe angsal punapa?”
Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane.