Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 18:20 - Kitab Sutji

20 Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 18:20
15 Iomraidhean Croise  

“Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.


Unjuke wong mau: “Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anem mila.”


Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!


Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


Sira ngajenana bapa-biyungira – iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki –


He, bocah-bocah, padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhengah prakara, sabab iku ndadekake keparenge Gusti.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan