16 Nanging banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta padha dipangandikani: “Cikben bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.
Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggone padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha nduweni Kratoning Swarga.”
Tumuli ana wong kang padha teka nyowanake anak-anake kang isih cilik marang ing ngarsane, supaya padha diasta. Sumurup kang mangkono iku para sakabate padha nepsu marang wong-wong mau.
Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.”
Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wus kasucekake marga saka kang wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wus kasucekake marga saka kang lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.
Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.
Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susu kang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestaria tuwuhmu ing bab karahayon,