Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 18:14 - Kitab Sutji

14 Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 18:14
39 Iomraidhean Croise  

Amarga Gusti Allah iku ngesorake wong kang angkuh nanging ngganjar karahayon marang wong kang tumungkul.


Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah? Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?


Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku; sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.


Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor, sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan.


Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.


Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.


Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen.


Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene!” Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur. Apa mripatmu ndeleng,


Watek angkuh njalari asoring awak, nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem.


Para wong ambek memoyok iku dipoyoki dening Panjenengane, nanging para wong kang andhap asor iku dikasihi.


Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.


nanging turune Israel kabeh bakal kacihna manawa bener lan bakal rumangsa begja ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”


Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane.


Lan sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe bakal kaluhurake.”


“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.


Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngluhurake wong kang asor.


Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”


Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.


Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


Yen wong kang ora nyambut-gawe, nanging kumandel marang Panjenengane kang mbenerake wong duraka, kumandele iku kang kaetung dadi kabeneran.


Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


Sapa kang bakal nggugat para pepilihane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman?


Panjenengan sami nguningani bilih boten wonten tiyang satunggal-satunggala kemawon ingkang kaanggep leres margi saking nglampahi angger-anggering Toret, nanging namung amargi pitados dhumateng ing Sang Kristus Yesus. Pramila kita ugi sampun pitados dhumateng Sang Kristus Yesus, supados kita sami kaanggep leres, amargi saking pitados dhumateng Sang Kristus lan boten margi saking nglampahi angger-anggering Toret. Awit: “boten wonten tiyang satunggal-satunggala ingkang kaanggep leres”, amargi nglampahi angger-anggering Toret.


Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.


Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”


Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan