Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 18:13 - Kitab Sutji

13 Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 18:13
45 Iomraidhean Croise  

Prabu Dawud banjur ngandika marang Nabi Natan: “Kula sampun nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.” Lan Nabi Natan matur marang Prabu Dawud: “Sang Yehuwah sampun ngruwat dosa dalem, panjenengan dalem boten badhe seda.


Pandongane lan kabule pandongane, sakehe dosane lan anggone ora setya, sakehing panggonan kang diedegi tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala tuwin reca-reca tatahan, sadurunge panjenengane ngesorake sarira, lah kabeh iku padha katulisan ana ing riwayate para wong sidik.


Nanging panjenengane ora ngesorake sarira ana ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya Sang Prabu Manasye, kang rama, malah saya mundhak akeh kaluputane.


lan aturku: “Dhuh Allah kawula, kawula nandhang wirang saha tampi panajad, ngantos boten wani tumenga dhumateng Paduka, dhuh Allah kawula, amargi dosa kawula tumpuk-undhung ngungkuli sirah kawula saha kalepatan kawula ngantos sundhul ing langit.


Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”


Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa, kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.


Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka, karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka;


Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel! awit Sang Yehuwah kagungan sih-kadarman, sarta kerep banget paring pangluwaran.


Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah, mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng.


Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi sampun ngantos mekak sih-kadarman Paduka saking kawula, kawula mugi tansah kareksaa ing katresnan saha kaleresan Paduka!


Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone, Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.


Bareng wong kabeh padha ndeleng tugu mega mapan ana ing lawangane tarub, wong sabangsa padha ngadeg, tumuli sumungkem sujud, saben wong ana ing lawanging tarube dhewe.


Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.


Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”


Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.


tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;


Filipus lan Bartolomeus, Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobus anake Alfeus, lan Tadeus,


“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.


Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


Lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu. (


Bareng lumebet ing sawijining desa, ana wong lara budhugen sapuluh sowan marang ing ngarsane, nanging mung ngadeg kapara adoh,


Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature:


Sakehe wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wis nyumurupi apa kang kalakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha.


Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”


Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.


Sabab padha gatekna: kasedhihan kang nyondongi karsaning Allah iku malah marakake kowe padha temen banget, malah nuwuhake panjawab, gela, wedi, kasregepan, pameleh! Ing bab iku kabeh kowe wus padha nelakake manawa ora kaluputan ing prakara iku.


Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan: “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.


Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.


Awitdene Ingsun bakal nandukake sih-piwelas marang kaluputane sarta ora bakal ngengeti marang dosa-dosane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan