Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.
Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih.
Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.
awitdene pisungsung prasepuluh kang disaosake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, minangka panduman mligi, iku Sunparingake marang para bani Lewi minangka pusakane, mulane wus padha Sunpangandikani: Ora bakal oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel.”
Gusti Allah tumuli manggihi Bileam; Bileam banjur munjuk marang Panjenengane: “Misbyah pitu punika sampun kawula cawisaken, sarta ing saben misbyah kawula kurbanaken lembu jaler nem satunggal kaliyan menda gibas jaler satunggal.”
Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”
“Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.
“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.
“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.
Kacarira para sakabate Nabi Yokanan padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus, lan munjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok boten?”
Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.
Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”
Lan ing bab agama Yahudi aku ngluwihi kanca-kanca barakanku kang akeh-akeh ing antarane bangsaku; aku dadi wong kang sregep banget ngleluri adat-tata-carane para leluhurku.
Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.
Bareng Nabi Samuel kepanggih karo Sang Prabu Saul, pangandikane Sang Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Panjenengan binerkahana dening Sang Yehuwah; kula sampun ngestokaken dhawuhipun Sang Yehuwah.”