Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 18:11 - Kitab Sutji

11 Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 18:11
26 Iomraidhean Croise  

Kidung jiyarah. Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah. He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi.


He para wong kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing platarane padalemane Allah kita!


Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik, nanging wong kang setya iku sapa kang nemu?


Ana turun kang nganggep marang awake dhewe resik, mangka durung dikumbah reregede dhewe.


Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih.


Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon:


kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku, mundhak dadi suci marga saka aku!” Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun, kaya geni kang murub sadina muput.


Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku? Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira, ing wektu sira nemu bilai. He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira, iya samono iku uga kehing allahira!


ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa! Pancen bebendune wus sumingkir saka aku! Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan, awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”


Filipus lan Bartolomeus, Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobus anake Alfeus, lan Tadeus,


Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”


“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.


Lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu. (


kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”


Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature:


Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”


mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.


Sarehne sira duwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa maneh marga sira ora sumurup, yen sira iku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan