Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 18:1 - Kitab Sutji

1 Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 18:1
26 Iomraidhean Croise  

manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane


Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip!


Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion, sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.


Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka welasi, amargi sadinten muput anggen kawula sesambat dhumateng Paduka.


nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.


lan aja koketogake bae Panjenengane kendel, nganti Yerusalem kasantosakake dening Panjenengane tuwin kadadekake misuwur ana ing bumi.


Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.


Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci.


Amarga saben wong kang nyenyuwun, bakal tampa, lan kang golek, bakal oleh, tuwin kang thothok-thothok, iku bakal kawenganan.


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!


Kang iku sarehne aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmane Gusti Allah, mulane atiku ora nganti kemba.


Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.


ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;


Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.


Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.


Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono iku meleka kambi saos sokur.


Aja kendhat anggonmu ndedonga.


Nalika wong wadon iku ngganter ndedonga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Imam Eli namatake cangkeme wong wadon iku,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan