8 Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.
Bareng Sang Yusuf mirsa Benyamin ana ing satengahe para sadhereke, tumuli dhawuh marang kang nguwasani daleme: “Wong-wong iku padha iriden mlebu menyang ing dalem, nyembeleha kewan, endang cecawisa, awit wong-wong iku mengko awan bakal padha mangan bareng karo aku.”
Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.
Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.