Nanging padha dipangandikani mangkene: “Manawa panunggalanmu duwe wedhus siji, mangka wedhuse iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasake?
Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.
Sawise mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau: “Sapa panunggalanmu, kang anake utawa sapine kecemplung ing sumur, ora banjur enggal-enggal nulungi dientasake, sanadyan ing dina Sabat?”
Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”
Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.