Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 17:6 - Kitab Sutji

6 Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 17:6
13 Iomraidhean Croise  

Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.


Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.


Kraton iku upamane kaya wiji sawi kang disebar ing lemah. Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhewe.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. Ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”


Iku kena diupamakake wiji sawi, kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pakebonane, banjur thukul lan dadi uwit, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha nusuh ana ing pang-pange.”


“Sapa panunggalanmu kang duwe batur, kang mluku utawa angon raja-kayane, saulihe saka ing pategalan apa banjur dicalathoni: Ayo, endang mangan!


Mulane banjur lumayu ndhisiki wong akeh, nuli menek ing wit anjir supaya bisa ndeleng Gusti Yesus, kang bakal langkung ing kono.


Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”


banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”


Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan