Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 17:29 - Kitab Sutji

29 Nanging ing dina lungane Lut metu saka ing kutha Sodom, banjur ana udan geni lan udan walirang saka ing langit, kang numpes wong kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 17:29
16 Iomraidhean Croise  

Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah ora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat, kita wus padha kaya Sodom lan padha kaya Gomora.


Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan, rerengganing wong Kasdim kang linuwih, bakal padha kaya Sodom lan Gomora yaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah:


Padha kayadene nalika Gusti Allah molak-malik tanah Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sacedhake, mangkono uga ora bakal ana wong kang manggon ana ing kono maneh lan ora ana manungsa siji-sijia kang dedunung ana ing kono maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.


“Kutha-kuthanira wus padha Sundadekake bosah-basih, kaya anggone Gusti Allah nggempur Sodom lan Gomora, temah sira prasasat kaya tegesan kang kaentas saka ing geni, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Mulane, demi Ingsun agesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, Allahe Israel –: Moab bakal dadi padha kaya Sodom lan bani Amon kaya Gomora, yaiku dadi panggonan kang kathukulan lateng sarta pamelikan uyah, lan dadi sepi mamring ing salawas-lawase. Kekarene umatingSun bakal njarah-rayah tanah-tanah iku lan kekarene bangsa iku bakal ngebeki tanah-tanah iku dadi pusakane.”


Uga kaya kang kalakon nalika jamane Lut: wong-wong padha mangan lan ngombe, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.


Iya kaya mangkono besuk ing dina ngatingale Putraning Manungsa.


mangkono uga manawa Gusti Allah nyirnakake kutha Sodom lan Gomora kalawan geni minangka pepeling marang wong kang ing tembe bakal padha mblasar,


iya kayadene Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge, kang carane laku jina padha kaya mangkono iku sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, anggone wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepeling tumrap sakabehing manungsa.


Layone bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhe, kang cara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonane Gustine kasalib.


iku bakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah, kang wus kasadhiyakake tanpa campuran ana ing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepe para malaekat suci lan ing ngarsane Sang Cempe.


Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan