Padha kayadene nalika Gusti Allah molak-malik tanah Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sacedhake, mangkono uga ora bakal ana wong kang manggon ana ing kono maneh lan ora ana manungsa siji-sijia kang dedunung ana ing kono maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,
Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.