Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 17:27 - Kitab Sutji

27 Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 17:27
16 Iomraidhean Croise  

Mangkono kadadeane sarupaning tumitah kang ana ing lumahing bumi, padha katumpes dening Gusti Allah, wiwit saka manungsa tekan kewan rumangkang nlosor lan gumremet sarta manuk ing awang-awang, padha tumpes sirna saka ing bumi, mung Rama Nuh piyambak kang isih sugeng lan kabeh kang katut ana ing prau.


Rama Nuh tumuli lumebet ing prau dalah para putrane, kang garwa lan garwane para putrane, marga saka tekane banjir mau.


Atiku ngolang-ngaling, aku kalimputan ing rasa trataban, wayah bengi kang tansah dakangen-angen iku saiki gawe geterku.


Nanging sira bakal tinempuh ing bilai, sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku; sira bakal nandhang sangsara, sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban; sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan, kang ora sira kira babar pisan.


Awit besuk ing jaman patangen ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.


Sarta kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya kaya mangkono kaanane besuk ing dina-dinane Putraning Manungsa.


Uga kaya kang kalakon nalika jamane Lut: wong-wong padha mangan lan ngombe, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.


Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan