Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”
nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka, njagal sapi lan nyembeleh wedhus, mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh: “Ayo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati!”
Banjur ngandika marang para sakabate: “Bakal tumeka ing wektune, kowe padha kapengin nyumurupi sawijining dinane Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.
Awitdene kaya kilat anggone gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kene tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga ing dina bakal rawuhe Putraning Manungsa.
Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.
Marga saka pracaya Rama Nuh – kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan – kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.
sarta manawa Gusti Allah ora ngeman jagad ing jaman purwa, nanging mung milujengake Rama Nuh kang ngabarake kayekten karo wong pitu liyane, nalika Panjenengane ndhatengake banjir patopan kanggo jagade para wong mblasar;